Thursday, February 22, 2007

Balada Tukijo

 


Opo sebabé Tukijo yen nonton sorot (filem) mesthi cah 18?


Sebab kanggo 17 keatas


 


+ Dodol TV berwarna?


- Wonten


+ Tumbas sing ijo, nggih


 


Tukijo ngisi formulir lamaran pagawéyan. Kabeh diisèni, Jeneng, umur, alamat, lsp


Banjur tekan kolom Gaji?


Tukijo gojag gajeg; ora yaqin,


Banjur ngisèni : " Enggih "


 


+ Sing meling2 kuwi opo ? "


- Niki Thermos


+ Kanggo opo ?


- Kagem nyimpen asrep lan bentèr


+ Tumbas setunggil


Tekan kantor ditakoni juragané


+ Kuwi tuku opo ?


- Thermos


+ Tok isèni opo ?


+ Kopi bentèr kalian ès krim


 


Saben rampung foto kopy, Tukijo mrikso tlesih


Antarané sing asli karo foto kopi Mbok menowo ono ejaan sing klèru


 


Angger ono thathit Tukijo mesthi mesam mèsem


Sebab, rumangsané lagi dipotret


 


Opo sebabé Tukijo ora bisa telpun 911 ?


Sebab telpune ora ono ongko sewelas!


 


Tukijo diajari, yèn ono pitakon dikon mijèt F1 (help)


Bola bali diothak athik nganti judeg, ora biso2


Suwé2 Tukijo gregeten banjur ngundang Teknisi Komputer


Pripun niki, wong empun kulo pencat pencèt nganti keju mboten onten sing teko2


 


Tukijo mriksakké kupingé sing abing2, kiwo lan tengené


+ Keno opo kupingmu ?


- Pas setriko, Paiman telpun. Rekané mendhet telpun klentu setrikan !


+ Lha, sing siji kok yo abing ?


- Lha niku, Paiman pancen trèmbèlanipun .... telpun malih ...


 


Tukijo didhawuhi boss-é nakokké bedane wektu Jkt karo Tokyo


Tukijo telpun Paiman sing lagi ono Tokyo nganggo TelkomGlobal


+ Man, bedané jam Jkt karo Tokyo piro ?


- Sik, sedhélo ....


Telpun gagé2 ditutup lan karo gembèlèngan Tukijo matur karo boss-é


+ Bèntenipun jam Jkt kaliyan Tokyo namung sekedhap....


 


Sakwisé ngrampungake jigsaw puzzle, karo mbagusi Tukijo umuk


+ Gilo2, aku biso ngrampungké puzzle limang sasi


- Halah, kok suwi nemen ?


+ Lho, delengen iki kothaké ono tulisané " kanggo 4-5 tahun "


 


 


source: unknown

No comments:

Post a Comment